Jumat, 05 Desember 2014

Basa Rinengga "Wayah Esuk"


Jago kluruk sesautan pratanda datan dangu malih wancinipun enjing. Sunaring bagaskara katon endah ing sisih purwa. Nggantekake candra sing wus ora katon saking pandulu. Binarung kaliyan swaraning peksi, lan tumetesing banyu embun ing gegodhongan. Sekar melathi kang angambar ganda arum, nambah rasa tentrem ing kalbu. Nyawang kaendahane wayah esuk, raga iki tansah ngaturaken syukur kagem Sang Maha Agung.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar