Soto Ceker Kuntilanak
Yen
ngomongake babagan kuliner, Agung ora gelem keri. Senajan dheweke lanang,
nanging ora beda adoh karo wanita sing karem karo masak-masakan. Saben ana
kalodhangan, dikober-koberake maca majalah utawa Koran sing isine maneka warna
resep masakan. Apa maneh yen stasiun televisi dhong nayangke pak Bondan ing
acara wisata kuliner. Wista, mbok repota kaya ngapa dheweke ora arep mingked
saka ngarep tivi. Kasenengane Agung karo donyaning panganan ora cocog karo
pagaweyane minangka kontraktor. Iya nek dheweke koki ngono lumrah.
Esuk
kuwi hawane kutha Batu adhem njekut. Bun-bun tumetes saka gegodhongan. Saka
jendelane hotel Handayani, Agung, nyawang kaendahane swasana ing wayah esuk.
Sinambi maca koran, bola-bali dheweke nyruput kopi susu. Pancen wayahe semono
kui sing paling enak ngombe kopi, nyamikane tela goreng karo gedhang goreng.
Rokok e kretek cap Dewi Kunthi. Jan maknyus tenan.
“Gung,
aja lali lo, jam pitu kudu wis ana ball-room.
Mula saiki enggal adusa gek medhun terus sarapan.” Cluluke Yudit, kanca
sakamare Agung.
“Tenang
wae. Paling-paling acarane molor Dit. Biyasa, jam karet.” Wangsulane Agung sing
isih dhudhuk manis karo maca koran.
“Aja
ngono Gung, dina iki awak dhewe kudu menang tendher. Yen nganti kalah maneh,
kontraktore awak dhewe bisa kesaingan karo Putri Karya. Ngerti dhewe ta
antarane awak dhewe karo Putri Karya kuwi wis suwe anggone saingan. Apameneh
awake dhewe minangka kontraktor papan atas. Liyane kuwi mung kontraktor kelas
keri. Mosok awake dhewe arep garap proyek cilik-cilikan? Mengko lakyo mundhak
diguyu pak Rahmad bose rumah makan Waderi Sea Food. Apa kowe ora butuh sarapan
barang, neng jadwal win tinulis yen sawise sarapan udakara jam pitu kurang,
langsung tumuju ball-room.”
Sakala
Agung menyat saka kursine nyaut andhuk age-age nuju kamar mandi. Agung lan
Yudhit padha-padha pandhemen kuliner. Bedane, Yudit ora patiya fanatik kaya
Agung jrone mburu masak-masakan utawa panganan sing disenengi. Yo mung soto lan
rawon wae sing dadi karemane Yudit.
Bubar
adus wong loro banjur mudhun nuju ruwang makan. Ing kono wis cumawis maneka
warna menu sarapan sangombene. Ana nila bakar, sate, sop, iga sapi, ayam
panggang, lan liya-liyane. Kaya-kaya ing acara wisata kulinere pak Bondan,
kabeh masakan cumepak tur sarwa enak. Nila bakar, oseng-oseng kangkung, sate
ayam Ponorogo gage diwadahi piring lan digawa menyang meja makan.
“Ngene
iki lo dit sing jenenge wisata kuliner. Klakon tenan aku dadi pak Bondan, jan
maknyus. Sing penting wetenge wareg, ben tendhere awak dewe mengko menang.”
Kandhane Agung nganggo bayolane sing khas.
Jam
pitu punjul seprapat, tendher wis diwiwiti. Siji mbaka siji peserta padha
mresentasekake konsepe dhewe-dhewe. Sapa sing menang tendher bakal nggarap
proyek pembangunan gedhung tingkat wolu sacedhake rumah sakit Griya Harapan
Malang. Bareng wayahe pengumuman, Mitra Anugrah Jaya, perusahaane Agung kasil
menangake tendher sawise ngalahake sewelas kontraktor liyane.
“Piye
Dit? Klakon menang tenan to? Minggu ngarep wis wiwit kerja lo. Mulih saka hotel
Handayani, Yudit milih bali menyang omahe wong tuwane sing kebeneran ana daerah
Kepanjen. Dene Agung mulih menyang Probolinggo nyiapake rancangan kanggo rapat
karo mitra kerja sesuk esuk. Batu-Probolinggo dudu jarak sing adoh kanggone
Agung, merga wis kulina saba kutha siji menyang kutha liyane. Senajan mulih
dewe, ora ndadekake Agung ngresula. Yen budhale menyang Batu mau karo Yudit.
Malah bisa nyantai anggone nyetir Stradan-e.
·
Ing
tengah dalan, Agung namatake saka kadohan ana tulisan gedhe ing baliho “Soto
Ceker Kuntilanak”. Merga penasaran, bareng wis cedhak mobile banjur dienggokne
menyang salah sawijining rumah makan pinggir dalan gedhe Malang-Pasuruan kuwi.
Temboke rumah makan iku direnggani gambare kutilanak lagi nyekel mangkok soto.
Byuh, marai ghitoke Agung mrinding. Nanging bareng ngerti yen sing melbu
menyang rumah makan kono yo lumayan akeh, Agung age-age mudhun saka mobil lan
lungguh ing meja sing kothong. Sajake rerenggan gambar kuntilanak iku
strategine sing nduwe rumah makan kanggo njaring wong tuku.
“Silahkan
bapak, dipilih menunya.” Mak dheg. Bareng ditoleh memburi ana wanita kang
dandan kaya kuntilanak menehake daptar menu. Agung mbatin, yen sing andhok lara
jantung wis bisa mati ngenggon. Pelayan ing kono racake nganggo wusana kuntilanak,
jumbuh karo arane warunge. Kajaba kuwi jenenge panganane uga nyrempet-nyrempet
lelembut. Senajan memba kuntilanak nanging praupane pelayan iku isih gelem
mesem manis nalika ngladeni wong tuku. Agung banjur pesen soto ceker kuntilanak
ane s teller tengkorak putih.
Ora
suwe, soto ceker kuntilanak ane s teller tengkorak putih diladkeake. Jebul sing
diarani soto ceker kuntilanak mau ora liya merga ing njerone soto ana cekere
pitik. Dene sing diarani es teller tengkorak putih yaiku es teller sing rumput
laute warnane putih. Jan pinter tenan olehe golek ukara. Jan-jane yen masalah
rasane ora beda adoh karo soto-soto pitik umume.
Manut
pangirane Agung, jeneng-jeneng lelembut mau kanggo narik kawigatene wong liwat.
Saka njaba ora katon medeni, merga ing kiwa tengene uga ana sawatara rumah
makan sing menune seje. Pancen ya sensasine beda, mula ora mokal yen soto saporsi
mesisan sangombene mau Agung kudu ngrogoh dhuwit telung puluh ewu.
“Terima
kasih bapak, semoga senang berkunjung kembali.” Ngono komentare kasire sawise
mbayar. Batine Agung, gek ya sapa ta mbak sing arep mampir maneh, yen saporsine
telung puluh ewu wani andhok neng sotone mbah buyut wae. Murah meriah tur wis
langganan pisan. Nanging dipikir-pikir Yudit durung ngerti yen ana soto ceker
kuntilanak ing papan kono. Age-age dheweke kirim sms supaya Yudit enggal
menyang rumah makan nyleneng kuwi.
Jebul
tenan, sesuke Yudit mulih Probolinggo. Jarene penasaran karo sing jenenge soto
ceker kuntilanak kuwi. Mula nalika rep mampir ngeceg lokasi proyek ing malang,
dening Agung, Yudit diajak mampir ing rumah makan pinggir dalan kuwi. Mula nalika
arep mampir ing rumah makan pinggir dalan kuwi. Yudit banjur pesen soto ceker
kuntilanak lan es teller tengkorak putih. Dene Agung pesen rawon setan lan es
vampire, sing ora liya ya susu soda gembira.
“Ya
iki Gung, maknyus tenan sotone.” Kandhane Yudit sinambi nyruput es kopyore.
“Iya, pancen jan rawone kaya oseng-oseng mercon. Pedhese ora umum. Sesuk yen ng
Malang ngejaka anak bojomu njur wisata kuliner ana kene.”
Bubar
mangan wong loro nutugake plesir menyang Malang. Papan kanggo mbangun wis
diceg, saben-saben pojokan lemah wis diwenehi gendera PT. Mitra Anugrah Karya,
tandhane lemah iki wis dadi proyeke Agung lan Yudhit, bose kontraktor Mitra
Anugrah Karya.
Minggu
esuk pembangunan gedhong diwiwiti. Rasane ora marem yen wisata kuliner ora
ngejak kaluwargane. Sorene Yudhit budhal menyang Malang ngajak anak lan bojone
njur mampir ana rumah makan soto ceker kuntilanak. Ora suwe pelayane wis
ngeterake pesenane Yudit. Soto telung mangkok wis ana ngarepe. Mbuh kepriye
critane, Putri, anake Yudit ujug-ujug nagis njaluk mulih. Kumangka sotone
dueurng entek. Sawise dineng-nengake, wusana Putri gelem meneng.
·
Kaya
apa kagete nalika Yudhit lan bojone, bareng arep nyendhok sega neng njero
mangkoke ana tugelan tangan kaya arep nyakar. Kukune dawa-dawa kaya kuku macan.
Sakala pelayan-pelayan sing kawit mau ngladeni wong tuku malih rupa dadi
kuntilanak tenan karo ngguyu kang mengkirigake wulu githok. Wong-wong sing
maune manga nana meja-meja sandhinge jebul malih memedi kabeh. Ana sing ora
nduwe sirah, ana sing malih gendruwo, ana sing malih wong tuwek kaya nini-nini.
Pokoke kabeh jinising dhedhemit ana kono kabeh. Yudit saanak bojone banjur
mlayu metu nuju mobil. Age-age prisneling dilebokaeke siji, gas dipidhak lan
mak weerr mobile nuju menyang Malang.
Agung
sing diomongi Yudit mung gedheg-gedheg setengah ora percaya. Mula senen esuk
wong loro mung pandheng-pandhengan. Rumah makan sing wingi ditukoni malih dadi
lemah rata sing ora ana bangunane. Dene rumah makan sandhinge soto ceker mau yo
melu rata karo lemah. Mung miturut wong liwat, jare papan kono klebu panggonan
sing wingit. Kabeh bangsane lelembut manggon ana kono.
Dikutip dari: Majalah Jaya Baya
Dikutip dari: Majalah Jaya Baya