Kamis, 19 Februari 2015

Cerita Cerkak "Alaming Lelembut"


Soto Ceker Kuntilanak

Yen ngomongake babagan kuliner, Agung ora gelem keri. Senajan dheweke lanang, nanging ora beda adoh karo wanita sing karem karo masak-masakan. Saben ana kalodhangan, dikober-koberake maca majalah utawa Koran sing isine maneka warna resep masakan. Apa maneh yen stasiun televisi dhong nayangke pak Bondan ing acara wisata kuliner. Wista, mbok repota kaya ngapa dheweke ora arep mingked saka ngarep tivi. Kasenengane Agung karo donyaning panganan ora cocog karo pagaweyane minangka kontraktor. Iya nek dheweke koki ngono lumrah.
Esuk kuwi hawane kutha Batu adhem njekut. Bun-bun tumetes saka gegodhongan. Saka jendelane hotel Handayani, Agung, nyawang kaendahane swasana ing wayah esuk. Sinambi maca koran, bola-bali dheweke nyruput kopi susu. Pancen wayahe semono kui sing paling enak ngombe kopi, nyamikane tela goreng karo gedhang goreng. Rokok e kretek cap Dewi Kunthi. Jan maknyus tenan.
“Gung, aja lali lo, jam pitu kudu wis ana ball-room. Mula saiki enggal adusa gek medhun terus sarapan.” Cluluke Yudit, kanca sakamare Agung.
“Tenang wae. Paling-paling acarane molor Dit. Biyasa, jam karet.” Wangsulane Agung sing isih dhudhuk manis karo maca koran.
“Aja ngono Gung, dina iki awak dhewe kudu menang tendher. Yen nganti kalah maneh, kontraktore awak dhewe bisa kesaingan karo Putri Karya. Ngerti dhewe ta antarane awak dhewe karo Putri Karya kuwi wis suwe anggone saingan. Apameneh awake dhewe minangka kontraktor papan atas. Liyane kuwi mung kontraktor kelas keri. Mosok awake dhewe arep garap proyek cilik-cilikan? Mengko lakyo mundhak diguyu pak Rahmad bose rumah makan Waderi Sea Food. Apa kowe ora butuh sarapan barang, neng jadwal win tinulis yen sawise sarapan udakara jam pitu kurang, langsung tumuju ball-room.
Sakala Agung menyat saka kursine nyaut andhuk age-age nuju kamar mandi. Agung lan Yudhit padha-padha pandhemen kuliner. Bedane, Yudit ora patiya fanatik kaya Agung jrone mburu masak-masakan utawa panganan sing disenengi. Yo mung soto lan rawon wae sing dadi karemane Yudit.
Bubar adus wong loro banjur mudhun nuju ruwang makan. Ing kono wis cumawis maneka warna menu sarapan sangombene. Ana nila bakar, sate, sop, iga sapi, ayam panggang, lan liya-liyane. Kaya-kaya ing acara wisata kulinere pak Bondan, kabeh masakan cumepak tur sarwa enak. Nila bakar, oseng-oseng kangkung, sate ayam Ponorogo gage diwadahi piring lan digawa menyang meja makan.
“Ngene iki lo dit sing jenenge wisata kuliner. Klakon tenan aku dadi pak Bondan, jan maknyus. Sing penting wetenge wareg, ben tendhere awak dewe mengko menang.” Kandhane Agung nganggo bayolane sing khas.
Jam pitu punjul seprapat, tendher wis diwiwiti. Siji mbaka siji peserta padha mresentasekake konsepe dhewe-dhewe. Sapa sing menang tendher bakal nggarap proyek pembangunan gedhung tingkat wolu sacedhake rumah sakit Griya Harapan Malang. Bareng wayahe pengumuman, Mitra Anugrah Jaya, perusahaane Agung kasil menangake tendher sawise ngalahake sewelas kontraktor liyane.
“Piye Dit? Klakon menang tenan to? Minggu ngarep wis wiwit kerja lo. Mulih saka hotel Handayani, Yudit milih bali menyang omahe wong tuwane sing kebeneran ana daerah Kepanjen. Dene Agung mulih menyang Probolinggo nyiapake rancangan kanggo rapat karo mitra kerja sesuk esuk. Batu-Probolinggo dudu jarak sing adoh kanggone Agung, merga wis kulina saba kutha siji menyang kutha liyane. Senajan mulih dewe, ora ndadekake Agung ngresula. Yen budhale menyang Batu mau karo Yudit. Malah bisa nyantai anggone nyetir Stradan-e.
·  
Ing tengah dalan, Agung namatake saka kadohan ana tulisan gedhe ing baliho “Soto Ceker Kuntilanak”. Merga penasaran, bareng wis cedhak mobile banjur dienggokne menyang salah sawijining rumah makan pinggir dalan gedhe Malang-Pasuruan kuwi. Temboke rumah makan iku direnggani gambare kutilanak lagi nyekel mangkok soto. Byuh, marai ghitoke Agung mrinding. Nanging bareng ngerti yen sing melbu menyang rumah makan kono yo lumayan akeh, Agung age-age mudhun saka mobil lan lungguh ing meja sing kothong. Sajake rerenggan gambar kuntilanak iku strategine sing nduwe rumah makan kanggo njaring wong tuku.
“Silahkan bapak, dipilih menunya.” Mak dheg. Bareng ditoleh memburi ana wanita kang dandan kaya kuntilanak menehake daptar menu. Agung mbatin, yen sing andhok lara jantung wis bisa mati ngenggon. Pelayan ing kono racake nganggo wusana kuntilanak, jumbuh karo arane warunge. Kajaba kuwi jenenge panganane uga nyrempet-nyrempet lelembut. Senajan memba kuntilanak nanging praupane pelayan iku isih gelem mesem manis nalika ngladeni wong tuku. Agung banjur pesen soto ceker kuntilanak ane s teller tengkorak putih.
Ora suwe, soto ceker kuntilanak ane s teller tengkorak putih diladkeake. Jebul sing diarani soto ceker kuntilanak mau ora liya merga ing njerone soto ana cekere pitik. Dene sing diarani es teller tengkorak putih yaiku es teller sing rumput laute warnane putih. Jan pinter tenan olehe golek ukara. Jan-jane yen masalah rasane ora beda adoh karo soto-soto pitik umume.
Manut pangirane Agung, jeneng-jeneng lelembut mau kanggo narik kawigatene wong liwat. Saka njaba ora katon medeni, merga ing kiwa tengene uga ana sawatara rumah makan sing menune seje. Pancen ya sensasine beda, mula ora mokal yen soto saporsi mesisan sangombene mau Agung kudu ngrogoh dhuwit telung puluh ewu.
“Terima kasih bapak, semoga senang berkunjung kembali.” Ngono komentare kasire sawise mbayar. Batine Agung, gek ya sapa ta mbak sing arep mampir maneh, yen saporsine telung puluh ewu wani andhok neng sotone mbah buyut wae. Murah meriah tur wis langganan pisan. Nanging dipikir-pikir Yudit durung ngerti yen ana soto ceker kuntilanak ing papan kono. Age-age dheweke kirim sms supaya Yudit enggal menyang rumah makan nyleneng kuwi.
Jebul tenan, sesuke Yudit mulih Probolinggo. Jarene penasaran karo sing jenenge soto ceker kuntilanak kuwi. Mula nalika rep mampir ngeceg lokasi proyek ing malang, dening Agung, Yudit diajak mampir ing rumah makan pinggir dalan kuwi. Mula nalika arep mampir ing rumah makan pinggir dalan kuwi. Yudit banjur pesen soto ceker kuntilanak lan es teller tengkorak putih. Dene Agung pesen rawon setan lan es vampire, sing ora liya ya susu soda gembira.
“Ya iki Gung, maknyus tenan sotone.” Kandhane Yudit sinambi nyruput es kopyore. “Iya, pancen jan rawone kaya oseng-oseng mercon. Pedhese ora umum. Sesuk yen ng Malang ngejaka anak bojomu njur wisata kuliner ana kene.”
Bubar mangan wong loro nutugake plesir menyang Malang. Papan kanggo mbangun wis diceg, saben-saben pojokan lemah wis diwenehi gendera PT. Mitra Anugrah Karya, tandhane lemah iki wis dadi proyeke Agung lan Yudhit, bose kontraktor Mitra Anugrah Karya.
Minggu esuk pembangunan gedhong diwiwiti. Rasane ora marem yen wisata kuliner ora ngejak kaluwargane. Sorene Yudhit budhal menyang Malang ngajak anak lan bojone njur mampir ana rumah makan soto ceker kuntilanak. Ora suwe pelayane wis ngeterake pesenane Yudit. Soto telung mangkok wis ana ngarepe. Mbuh kepriye critane, Putri, anake Yudit ujug-ujug nagis njaluk mulih. Kumangka sotone dueurng entek. Sawise dineng-nengake, wusana Putri gelem meneng.
·
Kaya apa kagete nalika Yudhit lan bojone, bareng arep nyendhok sega neng njero mangkoke ana tugelan tangan kaya arep nyakar. Kukune dawa-dawa kaya kuku macan. Sakala pelayan-pelayan sing kawit mau ngladeni wong tuku malih rupa dadi kuntilanak tenan karo ngguyu kang mengkirigake wulu githok. Wong-wong sing maune manga nana meja-meja sandhinge jebul malih memedi kabeh. Ana sing ora nduwe sirah, ana sing malih gendruwo, ana sing malih wong tuwek kaya nini-nini. Pokoke kabeh jinising dhedhemit ana kono kabeh. Yudit saanak bojone banjur mlayu metu nuju mobil. Age-age prisneling dilebokaeke siji, gas dipidhak lan mak weerr mobile nuju menyang Malang.
Agung sing diomongi Yudit mung gedheg-gedheg setengah ora percaya. Mula senen esuk wong loro mung pandheng-pandhengan. Rumah makan sing wingi ditukoni malih dadi lemah rata sing ora ana bangunane. Dene rumah makan sandhinge soto ceker mau yo melu rata karo lemah. Mung miturut wong liwat, jare papan kono klebu panggonan sing wingit. Kabeh bangsane lelembut manggon ana kono.


Dikutip dari: Majalah Jaya Baya

Jumat, 12 Desember 2014

Tari Srikandi Mustakaweni

Gerakan lemah gemulai dari seorang wanita mempunyai makna terpendam didalamnya. Srikandi yang dilambangkan sebagai wanita cantik dalam pewayangan juga merupakan sosok prajurit yang disegani baik lawan maupun kawan. Kepiawaiannya memainkan berbagai senjata, baik panah maupun keris tidak diragukan lagi. Sehingga dirinya pantas menyandang gelar seorang ksatria wanita. Dirinya tidak gentar menghadapi berbagai pertempuan salah satunya dengan Mustakaweni yang merupakan perwujudan dari nafsu angkara murka. Tari itu diambil dari epos Mahabharata. Tari ini ditarikan secara berpasangan. Karena tarian tersebut bercerita tentang perangnya Srikandi dan Mustakaweni dalam memperebutkan Jamus Kalimasada. Srikandi adalah tokoh wanita dari keluarga Pandawa yang pernah menjadi senopati pada waktu perang Bharatayuda. Dia adalah salah satu istri dari Janaka (Arjuna). Dia memiliki karakter lanyap (atau tegas) tapi unsur kemayu (genit). Mustakaweni juga memiliki karakter yang hampir sama dengan Srikandi.  Karena kesaktiannya, Mustokoweni bisa berubah jadi apa saja. Termasuk ketika dia mencuri Jamus Kalimasada dari Drupadi. Dia berubah jadi Gathotkaca. Begitu ketahuan oleh Srikandi (yang saat itu diberi mandat untuk menjaga Jamus Kalimasada) langsung mengejar Mustokoweni. Dan terjadilah perang diantara keduanya.  Mustokoweni adalah anak dari Prabu Newatakawaca yang mati dibunuh oleh Janaka. Karena dendam, Mustokoweni kemudian mencuri Jamus Kalimasada.
 

Jumat, 05 Desember 2014

Basa Rinengga "Wayah Esuk"


Jago kluruk sesautan pratanda datan dangu malih wancinipun enjing. Sunaring bagaskara katon endah ing sisih purwa. Nggantekake candra sing wus ora katon saking pandulu. Binarung kaliyan swaraning peksi, lan tumetesing banyu embun ing gegodhongan. Sekar melathi kang angambar ganda arum, nambah rasa tentrem ing kalbu. Nyawang kaendahane wayah esuk, raga iki tansah ngaturaken syukur kagem Sang Maha Agung.

Minggu, 23 November 2014

Terbongkarnya Keberadaan Patung Nabi Muhammad di Gedung Supreme Court, Washington DC, USA.



Sebuah patung yang dimaksudkan untuk menggambarkan Nabi Muhammad SAW telah terpampang sebagai suatu patung relief di dinding gedung lembaga peradilan tertinggi di Amerika Serikat yaitu gedung Supreme Court, Washington DC. Berbeda dengan kartun nabi ala media Denmark yang berisi pesan penghinaan, maka patung nabi ini dimaksudkan sebagai penghargaan atas beberapa tokoh dunia yang berjasa di bidang hukum. Walaupun patung tersebut telah disertai penjelasan bahwa penggambaran figure Nabi Muhammad dimaksud untuk menghormati beliau tapi tetap dilarang dalam ajaran Islam, apalagi ‘patung relief’ Muhammad SAW di sandingkan dengan tokoh’ dunia yang terlalu kecil dibanding kemuliaan dan kebesaran jasa-jasa Rasulullah SAW, seperti John Marshal, Confusius, King John, Charlemagne, Louis IX, William Blackstone, Napoleon Bonaparte, dll. Walaupun menurut mereka pembuatan patung relief itu bertujuan baik, tapi itu tidak menjadi baik ketika Rasulullah SAW digambarkan sebagai seseorang yang sedang menyandang pedang. Gambar 2 dimensi saja dilarang, apalagi 3 dimensi, apalagi bila digambarkan membawa pedang yang bisa dipersepsikan secara umum sebagai cermin perilaku cinta perang, kekejaman dan pembunuhan. Gambar sudah ada sejak 1997, dan beritanya pernah dimuat di surat kabar AS, The Daily Republican, Rabu, March 11, 1998, dengan judul tulisan Great Figures Gaze Upon the Court, ditulis oleh Joan Biskupic (Washington Post Staff Writer.  Masalah ini kembali mencuat ketika masyarakat muslim dunia di segala penjuru dunia menentang publikasi kartun yang berisi pesan menghina nabi Muhammad SAW di media Jyllands Posten di Denmark sejak September 2005. Demo Raksasa Siap Digelar di Depan Kedubes AS Jakarta, Minggu 19 Februari
2006 Sebuah demo besar-besaran yang diperkirakan akan melibatkan lebih dari 100.000 orang yang berasal dari Jadebotabek, Lampung, Surabaya, Bandung dan beberapa kota kecil diantaranya akan digelar di depan Kedubes AS Jakarta, Ahad 19 Februari 2006 jam 09:00 pagi. Baik Front Pembela Islam (FPI), Majelis Mujahidin Indonesia maupun Hizbut Tahrir sejak beberapa hari yang lalu telah melaksanakan beberapa kali rapat tertutup di Jakarta untuk mengerahkan seluruh anggota dan laskarnya yang ada di Jakarta untuk mengawasi berjalannya demo raksasa ini. Demo ini sekaligus akan menuntut sikap tegas dunia barat atas kartun penghinaan Rasulullah Muhammad SAW di media Denmark.
Pembuatan patung nabi Muhammad pada gedung supreme court itu menurut saya kurang cocok karena wajah nabi Muhammad seharusnya tidak boleh dipublikasikan dengan maksud menghindari penyembahan terhadap patung nabi Muhammad.
Kita sebagai umat muslim harus berani menentang upaya memvisualisasikan fisik nabi Muhammad. Pemahaman yang salah oleh umat non muslim dalam mengapresiasikan fisik nabi muhammad dalam bentuk patung, kita sebagi umt nabi Muhammad harus lebih pandai dalam mengapresiasikannya, yaitu dengan meneladani sifat, dan akhlak mulianya, juga menjalani sunah-sunahnya.. ^^



Minggu, 09 November 2014

You are my Everything..

 
Ibu adalah cahaya dari tujuh galaksi yang memberi jalan terang benderang untuk jiwaku. Cahaya yang abadi dan tak hilang ditelan masa. Dalam hatiku selalu ada tempat teristimewa untuknya. Meski alam telah memisahkan kami. Tak ada pengganti sebaik dirinya. Kasih dan sayangku tak pernah berkurang untuknya. Sampai jiwaku menanggalkan badan ini...